Safety Guidances (Javanese)

General Information

Javanese

Punapa panjenengan sampun samekta ngadhepi bencana?

  1. Ngendikan kaliyan kaluwarga panjenengan babagan punapa ingkang kedah dipun tindakaken saha kados pundi supados saged samekta ngadhepi bencana.
    Amargi bencana saged kadadosan tanpa aba-aba sak wanci-wanci, panjenengan kedah asring ngendikan kaliyan kaluwarga saha rencang panjenengan bababan punapa ingkang kedah dipun tindakaken menawi wonten bencana supados sedaya piyantun tetep sareh.
    1
    Pirembagan panjenengan kedah nyakup:
    • Katrangan kontak saha panggenan pepanggihan.
    • Rancangan kintun warta dhumateng piyantun-piyantun menawi panjenengan wilujeng.
    • Kanthi piranti punapa panjenengan saged dipun kontak menawi HP panjenengan mboten saged dipun ginakaken (Skype, Facebook, Twitter, lsp).
  2. Yasa piranti kasiyagan tanggap dharurat.
    • Senter, radio baterai, toya unjukan, rajabrana, obat-obatan, arta, kartu ATM, KTP, busana, andhuk, sarung asta, helm, lsp.
      2
  3. Pados pusat pangungsen ingkang paling caket kaliyan panjenengan.
  4. Ndherek gladhen utawi simulasi bencana komunitas.
    3
  5. Mbiyantu piyantun ingkang kirang mampu wonten ing komunitas panjenengan, menawi panjenengan kuwagang.

Eruption

Javanese

Punapa ingkang dipun sebat redi njeblug?

Redi njeblug dipun jalari dening magma ingkang minggah saking tandhonipun dhateng ing lumahan amargi wontenipun gas utawi obahing lempengan Bumi (tektonik). Redi njeblug saged dados jalaran awu tuwin sela sami wutah saking nglebeting redi saha bena lahar, ingkang saged dumugi sewu gangsal atusan kilometer.

4

Punapa dhampak redi njeblug?

  • Wedhus gembel kanthi temperatur antawisipun 300 °C dumugi 700 °C ingkang langkung rikat saking 70 km/jam.
  • Matrial redi awujud sela benter ingkang benteripun langkung saking 200 °C.
  • Jawah awu awujud asam, ingkang saged mbebayani saluran ambegan saha tetingalan panjenengan, saha ugi saged ngrisak sumbering toya tuwin taneman.
  • Lava, inggih punika dledekan kenthel kanthi temperatur antawisipun 700 °C dumugi 1200 °C.
  • Gas mawa racun ingkang medal saking terowongan utawi kawah.
  • Tsunami, menawi redi kasebat wonten ing dhasaring samudra.

Pusat Mitigasi Bencana Vulkanologi dan Geologi mantha-mantha statusing redi inggih punika:
Awas: Redi saged njeblug kirang saking 24 jam malih
Waspada: Redi saged njeblug kirang saking kalih minggu malih
Siyaga: Aktivitas vulkanik saha tektonik sangsaya asring
Normal: Mboten wonten aktivitas vulkanik

Punapa ingkang saged panjenengan tindakaken?

Sakderengipun redi njeblug

  • Mangertosi laladan ingkang saged kenging jeblugan.
  • Damel panggenan pangungsen.
  • Damel jalur pangungsen.
  • Nyawisaken piranti dharurat ingkang saged tahan kagem gesang tigang dinten.
  • Ndherek gladhen pangungsen dharurat supados pikantuk katrangan babagan tindakan mitigasi saha rancangan tanggap dharurat.
  • Mangertosi tandha-tandha redi njeblug: Bena lahar saha bena bandhang; longsoran saha jawah es; lindhu; jawah awu vulkanik saha jawah asam; saha tsunami.

Nalika redi njeblug

  • Ngungsi sak cepet-cepetipun kanthi ngugemi instruksi saking pamarentah lokal panjenengan.
  • Sampun mlajar tumuju arah ingkang sami kaliyan angin saha sampun tindak dhateng lepen ingkang sumber toyanipun celak kaliyan redi ingkang njeblug.
  • Panggenan ingkang mbebayani ingkang dipun tandhani wonten ing peta bebaya kedah tansah dipun tebihi.
  • Menawi toya lepen sampun minggah, lepen kasebat kedah tansah dipun tebihi saha tindaka dhateng panggenan ingkang langkung inggil, mbokmenawi lahar sampun celak.
  • Menawi panjenengan kapepet wonten nglebeting griya, sedaya jendhela, kori, saha bolongan kedah dipun tutup. Mesin-mesin kedah tansah dipun simpen wonten ing garasi utawi papan ingkang memper, saha ingon-ingon klangenan tuwin rajakaya kedah dipun tuntun dhateng panggenan ingkang katutup.
  • Menawi panjenengan wonten ing njawi, kedah pados panggenan pangeyuban.
  • Tindakaken posisi njagi badan (mbungkuk kagem njagi badan saha nutupi mustaka panjenengan), menawi wonten jawah es.
  • Kedah waspada tumrap lahar saking lepen.
  • Sampun ngagem lensa kontak saha tutupi pasuryan panjenengan nalika jawah awu.

Saksampunipun redi njeblug

  • Awu vulkanik kedah pun tebihi.
  • Sampun kondur rumiyin ngantos pamarentah lokal paring idin.
  • Nalika wonten ing njawi, tutuk saha grana panjenengan kedah pun tutupi amargi awu punika saged njalari radhang saluran ambegan.
  • Ngagem kaca tingal goggle kangge njagi soca, saha busana kangge njagi kulit panjenengan.
  • Awu vulkanik saking gendheng griya panjenengan kedah pun resiki kanthi ngugemi tata cara kawilujengan ingkang leres.
  • Sampun nyopir wonten ing awu vulkanik amargi awu punika saged ngrisak kendharaan panjenengan.
  • Menawi panjenengan kagungan penyakit ambegan, sampun njamah awu punika.
  • Mbiyantu para tetanggi panjenengan, utaminipun ingkang paling mboten mampu.

Nalika ngungsi, waspada tumrap

  • Penyakit ingkang nular.
  • Karacunan dhaharan.
  • Kirang gizi.
  • Stres saksampunipun trauma.

Nindakaken perilaku sehat

  • Tansah mbucal hajat wonten ing jamban.
  • Mijiki asta sakderengipun dhahar.
  • Ngunjuk toya mateng.

Prakawis kesehatan ingkang dipun jalari redi njeblug

  • Cedera utawi seda amargi wedhus gembel utawi lava.
  • Penyakit ambegan utawi perihing soca amargi radhang jalaran awu vulkanik.
  • Karacunan gas.
  • Pangungsen.

Referensi

 

Earthquake

Javanese

Punapa ingkang dipun sebat lindhu?

Lindhu (Gempa = Basa Indonesia, Lini = Basa Sunda, Goyang Tanah = Basa Sulawesi) inggih punika goyangipun bumi amargi tugeling saha obahing perangan ingkang ageng (lempengan tektonik) kulit bumi paling njawi ingkang kathah selanipun sakcara dumadakan.

Jinising lindhu

  • Lindhu vulkanik inggih punika goyangipun bumi jalaran aktivitas vulkanik.
  • Lindhu tektonik inggih punika goyangipun bumi kanthi kiyat jalaran obahipun lempengan tektonik.

Lindhu saged njalari punapa?

Lindhu saged ngremukaken gedhung, griya, kreteg, margi, lsp. Minangka tambahan, lindhu saged dipun iringi dening lindhu susulan, tsunami, siti longsor, kebeseman, lsp.

Kakiyataning lindhu ( Agengipun )

M7: Gedhung-gedhung sami ambruk saha kathah plethekan.

M6: Kita mboten saged jumeneng utawi tindak. Gedhung-gedhung ingkang mboten kiyat sami ambruk.

M5: Angel nalika badhe tindak, prabot ingkang mboten aman sami dhawah. Jendhela sami pecah, piring saha buku sami dhawah saking rak.

5

M4: Gambar gumantung sami goyang.

Punapa ingkang saged panjenengan tindakaken?

Sakderengipun lindhu:

  • Mbangun griya-griya tahan lindhu.
  • Maringaken barang ingkang awrat wonten ing jogan.
  • Nggantung lukisan utawi kaca pengilon ageng tebih saking kasur, sofa, utawi kursi.
  • Ngrancang panggenan pangungsen (papan pangeyuban) wonten ing lingkungan panjenengan.
  • Nemtokaken jalur pangungsen ingkang tumuju panggenan pangeyuban kasebat.
  • Ndherek gladhen pangungsen dharurat.
  • Nyawisaken piranti dharurat ingkang nyakup barang kabetahan padintenan kagem tigang dinten saha barang dharurat, kalebet obat, dhaharan ingkang mboten saged bosok, busana ekstra, senter, lsp..

Nalika lindhu

  • Tansah sareh saha siyaga posisi njagi badan (mbungkuk kangge njagi dhadha panjenengan, nyilangaken asta wonten nginggiling mustaka tuwin cengel panjenengan kedah pun tindakaken, saha tansah siap jumeneng kanthi rikat).
  • Nalika goyangan sampun sirna, enggal medal saking ruangan.
  • Menawi wonten nglebeting griya, ndhelik wonten ing ngandhap kursi utawi meja ingkang kiyat. Sampun cecaketan kaliyan kori ingkang katutup, jendhela, kaca pengilon ageng, rak, lemantun, saha barang gumantung ingkang saged dhawah. Ngatos-atos ampun ngantos kenging pecahan kaca nalika panjenengan medal saking ruangan.
    6
  • Menawi wonten nglebeting gedhung tingkat, ginakaken undhak-undhakan dharurat sanes lift. Nengga wonten ing lantai panggenan panjenengan sakmenika. Nengga ngantos goyanganipun sirna saha enggal medal saking gedhung kasebat ngginakaken undhak-undhakan kanthi sareh saha tertib.
  • Menawi kadadosanipun dalu, ndhelik wonten ing ngandhap kursi utawi meja ingkang kiyat. Nengga ngantos goyangipun sirna, lajeng medal kanthi sareh.
  • Nalika wonten saktengahipun piyantun kathah, tansah sareh saha ngendika dhumateng tiyang sanesipun supados sareh ugi. Nalika kahanan sampun stabil, cobi medal, nebihi gedhung saha wit-witan. Waspada tumrap lindhu susulan.
  • Menawi wonten njawi, panggenan ingkang semeblak kedah pun padosi.
  • Menawi nembe nyopir, kendel lajeng medal saking kendharaan. Tiarap wonten ing celak kendharaan kasebat. Sampun ngendelaken kendharaan celak kaliyan gedhung, wit-witan, cagak listrik, kreteg, utawi terowongan.
  • Menawi wonten ing lahan ingkang inggil, menawi panjenengan celak kaliyan tebing, ngatos-atos menawi wonten siti longsor.
  • Menawi wonten ing pesisir, pados panggenan ingkang langkung inggil sakcepet-cepetipun.
  • Tansah midhangetaken katrangan bencana.

Saksampunipun lindhu

  • Tansah sareh.
  • Dipun pesthekaken menawi panjenengan sak kaluwarga wilujeng.
  • Mbiyantu piyantun ingkang mbetahaken pitulungan, utaminipun piyantun sepuh, lare, ibu ingkang nembe mbobot, saha piyantun cacat.
  • Menawi panjenengan kapepet wonten nglebeting gedhung, cobi narik kawigatosanipun tiyang sanes.
  • Menawi panjenengan pirsa wonten kebul, tansah waspada menawi latunipun saged langkung ageng saking ingkang panjenengan penggalih.
  • Pipa gas kedah dipun tutup saha pompa toya kedah dipun pejahi.
  • Mejahi listrik saking meteranipun.
  • Waspada tumrap barang ingkang dhawah nalika mbikak lemantun.
  • Njagi badan panjenengan piyambak nalika reresik kanthi ngagem busana lengen panjang, celana panjang, saha sarung tangan.
  • Waspada tumrap lindhu susulan saha gedhung ambruk ingkang saged kadadosan.
  • Sampun mlebet griya panjenengan malih tanpa idin saking pamarentah lokal panjenengan.

Menawi panjenengan kedah ngungsi, waspada tumrap

  • Penyakit ingkang nular.
  • Karacunan dhaharan.
  • Kirang gizi.
  • Stres saksampunipun trauma.

Nindakaken perilaku sehat

  • Tansah mbucal hajat wonten ing jamban.
  • Mijiki asta sakderengipun dhahar.
  • Ngunjuk toya mateng.

Prakawis kasehatan ingkang dipun jalari lindhu

  • Cedera utawi seda.
  • Retak saha tatu.
  • Stres saksampunipun trauma.
  • Pangungsen.

Referensi

Tsunami

Javanese

Punapa ingkang dipun sebat tsunami?

Istilah tsunami asalipun saking tembung basa Jepang “Tsu” ingkang ateges “plabuhan” saha “Nami” ingkang ateges “ombak”. Tsunami punika ombak pasang, ingkang dipun picu dening lindhu, redi njeblug, siti longsor wonten ing dhasaring samudra, utawi gunung es ingkang ambruk. Dhampak tsunami ingkang nggegirisi sampun kawentar.

7

Tandha-tandha wiwitipun tsunami

  1. Raos kedher ingkang dipun jalari dening lindhu.
  2. Toya katarik saking pesisir.
  3. “Swanten” aneh utawi rame saking samudra.
  4. Angin asrep, ingkang gandanipun amis ndamu saking samudra.
  5. Ombak cemeng saha kandel ingkang inggil mencungul ing tengah samudra tumuju pesisir.
  6. Saknalika saksampunipun lindhu.

Jalaranipun tsunami

  • Mboten sedaya lindhu saged micu tsunami.
  • Lindhu saged micu tsunami menawi:
    • Lempengan tektonik sigar sakcara vertikal saha minggah saking dhasaring samudra.
    • Skala kekiyatan Richter langkung inggil saking 6.0.
    • Episentrum kirang saking 40 km.
  • Redi njeblug wonten dhasaring samudra ngganggu kastabilan ombak samudra.
  • Longsoran redi ing dhasaring samudra njalari ombak ingkang inggil.
  • Erosi ingkang kiyat sanget wonten ing pesisir utawi dhasaring samudra ngganggu kastabilan lumahaning toya.
  • Volume enepan ingkang saya kathah mlebet wonten ing samudra, njalari obah-obahan sakcara vertikal saged njalari kadadosaning tsunami alit.

Kados pundi tsunami kabentuk

  • Lindhu ndadosaken bolongan saha sigaran wonten ing dhasaring samudra.
  • Toya laut ngisi sigaran punika, njalari toya katarik saking pesisir.
  • Bolongan kasebat dipun isi toya samudra, njalari toya punika mbledhos ing sedaya arah, kalebet pesisir, ingkang lajeng ndadosaken tsunami.

Punapa ingkang saged panjenengan tindakaken?

Sakderengipun tsunami

  • Menawi panjenengan manggen wonten ing laladan pesisir, tansah samekta.
  • Damel panggenan pangungsen kagem makempal kaliyan kaluwarga.
  • Damel jalur pangungsen.
  • Nyawisaken piranti dharurat ingkang isinipun bahan kabetahan padintenan kagem tigang dinten.
  • Ndherek gladhen pangungsen dharurat.
  • Tansah waspada tumrap sirine/tandha dharurat, utaminipun saksampunipun lindhu.

Nalika tsunami

  • Ugemi instruksi pamarentah lokal panjenengan.
  • Menawi panjenengan wonten salebeting griya, tansah sareh saha ngarih-arih kaluwarga panjenengan supados tumuju dhateng panggenan ingkang langkung inggil.
  • Menawi panjenengan wonten ing pesisir, panjenengan kedah tumuju dhumateng panggenan ingkang langkung inggil, lepen kedah dipun tebihi, saha ngungsi saknalika. Sampun ngentosi instruksi.
    8
  • Wonten ing laladan rawan tsunami, biasanipun wonten panggenan pangeyuban pangungsen.
  • Ugemi jalur pangungsen.
  • Kreteg kedah pun tebihi.
  • Langkung sae ngungsi kanthi mlampah.
    9
  • Menawi panjenengan ngungsi ngagem kendharaan lan kapepet macet, pejahi kendharaan panjenengan, lajeng dipun kunci, saha dipun tilar kemawon.
  • Sasampunipun dumugi panggenan ingkang langkung inggil, panjenengan kedah nengga amargi ombak ingkang kaping kalih utawi kaping tiga saged langkung inggil saking ingkang kapisan.
  • Sampun kondur rumiyin ngantos wonten instruksi saking pamarentah lokal panjenengan.

Saksampunipun tsunami

  • Kondur saksampunipun wonten instruksi saking pamarentah lokal panjenengan.
  • Reresik griya saha lingkungan panjenengan.
  • Reresik lemut utawi gegremet sanesipun.
  • Murnekaken toya sakderengipun dipun ginakaken.

Menawi panjenengan kedah ngungsi, waspada tumrap:

  • Penyakit ingkang nular.
  • Karacunan dhaharan.
  • Kirang gizi.
  • Stres saksampunipun trauma.

Nindakaken perilaku sehat

  • Tansah mbucal hajat wonten ing jamban.
  • Mijiki asta sakderengipun dhahar.
  • Ngunjuk toya mateng.

Prakawis kesehatan ingkang dipun jalari tsunami

  • Cedera utawi seda jalaran keli.
  • Cedera utawi seda jalaran kadhawahan jugrugan.
  • Retak saha tatu.
  • Stres saksampunipun trauma.

Babagan ingkang kedah dipun emut-emut

  • Sampun manggen ing laladan pesisir.
  • Waspada tumrap tindak-tandukipun ingon-ingon klangenan tuwin rajakaya. Klangenan saha rajakaya punika adatipun ketingal kuwatos sakderengipun kedadosan tsunami.

Referensi

Visitors &Tourist

Javanese

Penglaju kasingkir inggih punika sinten kemawon ingkang mboten saged kondur saksampunipun bencana jalaran lalu lintas macet utawi gangguan transportasi umum.

Punapa ingkang kedah panjenengan tindakaken menawi panjenengan dados penglaju kasingkir?

  • Sampun kekathahan pindhah, dipun pesthekaken panggenan sarta kawilujengan panjenengan piyambak.
  • Nalika panjenengan nembe tindakan amargi padamelan, sampun kesupen ngasta toya.
  • Menawi transportasi umum mandheg, panjenengan saged madosi panggenan pangeyuban gratis utawi akomodasi umum.

Flood

Javanese

Punapa ingkang dipun sebat bena?

Bena kadadosan nalika wilayah ingkang biasanipun mboten katutup toya ing wekdal tartamtu keleban toya.

Gambar

Jalaranipun bena

Jalaran alam:

  • Jawah deres ingkang volumenipun mboten saged dipun amot dening lepen, sendhang, rawa, utawi ngresep siti.
  • Inggiling sitilangkung andhaptinimbanginggiling segara.
  • Ombak pasang.
  • Prahara mindhaksaking prahara tropis.

Sakcara mboten langsung jalaran aktivitas manungsa:

  • Griya wonten pinggiring lepen.
  • Pangembangan pamukiman ingkang mboten cocog kaliyan lahanipun.
  • Nggundhuli alas.
  • Mbucal sampah kanthi mboten sakmeshinipun (umpaminipun, mbucal sampah dhateng lepen utawi saluran drainase).

Jinising bena

  • Bena lepen, ingkang biasanipun musiman.
  • Bena pesisir, ingkang dipun jalari ombak pasang.
  • Bena bandhang, ingkang kadadosanipun dumadakan amargi minggahipun toya lepen kanthi rikat jalaran jawah deres saha kadadosan wonten ing utawi wonten ngandhaping pareden.

Punapa ingkang saged panjenengan tindakaken?

Sakderengipun bena :

  • Gotong royong kaliyan para tanggi ngresiki saluran.
  • Ngrembakakakensistempantauansahatandha bebaya awalwonten ing bagean lepen ingkang asring bena.
  • Masangpompaing wewengkon ingkang langkung andhap saking inggiling segara.
  • Ndamel program reforestasiingwilayah tuk.
  • Mbucal sampah kanthi sakmesthinipun.
  • Nyimpen dokumen wigatos saha rajabrana sanesipun ing panggenan ingkang mboten bakal karanggeh dening toya bena.
  • Nyimpen toya unjukan ing bak tandhon.

Nalika bena:

  • Mejahi listrik saking meteranipun.
  • Ngungsi kanthi sareh kaliyan kulawarga panjenengan sakcepet-cepetipun dhateng panggenan ingkang sampun dipun temtokaken.
  • Sampuntindak celak kaliyansaluran.
  • Ngginakaken toya resik kanthi wicaksana.

Saksampunipun bena:

  • Reresik griya saha lingkungan panjenengan. Ngginakaken antiseptik kangge mejahi bakteri saha baksil.
  • Reresik habitat lemut saha gegremet sanesipun.
  • Ndandosi jamban saha sistem got panjenengan.
  • Supados mboten kenging penyakit (umpaminipun, diare), murnekaken toya (contonipun, dipun godhog).

Menawi panjenengan kedah ngungsi, waspada tumrap:

  • Penyakit ingkang nular, kadosta ISPA, diare, saha gabag.
  • Karacunan dhaharan.
  • Kirang gizi.
  • Gangguan stres saksampunipun trauma.

Prakawiskasehatan ingkang dipun jalari bena

  • Seda, biasanipun jalaran kleleb utawi kesetrum.
  • ISPA.
  • Diare.
  • Penyakit kulit.
  • Leptospirosis (penyakit ingkang dipun jalari bakteri ing turasipun tikus).
  • Gabag.
  • Dipun cokot kewan (sawer, tikus, lsp.).
  • Kacilakan (kesetrum, kleleb, keli dening ilining toya).
  • Pangungsen.

Nindakaken perilaku sehat

  1. Tansah mbucal hajat wonten ing jamban.
  2. Mijiki asta sakderengipun dhahar.
  3. Ngunjuk toya mateng.

Kados pundi caranipun ngirangi risiko kasehatan sakingbena

  • Sampun ngginakaken toya ingkang sampun kenging kontaminasi kagem ngunjuk, siram, saha nggirahi.
  • Mijiki asta mawi sabun saksampunipun ngginakaken jamban, sakderengipun masak, saha sakderengipun dhahar.
  • Nggodhog toya sakderengipun dipun unjuk.
  • Ngagem sepatu bot menawi panjenengan kedah tindak wonten ing comberan.
  • Nyemprot lumahan mawi disinfektan.

Referensi

Bird Flu

Javanese

Netepaken lampah wonten ing ngandhap punika kagem nyegah nyebaring flu peksi kaliyan flu babi.

Flu Peksi

Avian influenza (AI) inggih punika penyakit nular ingkang dipun sebabaken dening virus ingkang dipun tularaken dening peksi (utaminipun unggas ingkang nglangi kadosta bebek saha banyak), ingkang asring mboten ngetingalaken tandha sakit ingkang nyata. Virus AI kadhangkala nyebar wonten ing unggas domestik, njalari wabah kanthi skala ingkang ageng. Minangka tambahan, sawetawis virus AI sampun kalapuraken nyebrangi pepalang spesies saha njalari penyakit utawi infeksi subklinis tumrap manungsa saha mamalia sanesipun.

10

Punapa ingkang saged panjenengan tindakaken?

  • Sampun njamah peksi ingkang sakit utawi pejah. Menawi sampun kadhung, panjenengan kedah mijiki asta mawi sabun sakcepet-cepetipun saha nglapuraken kadadosan punika dhateng pak Lurah.
  • Mijiki asta saha girah piranti masak sakderengipun masak utawi dhahar.
  • Daging saha tigan ayam kedah dipun masak ngantos mateng.
  • Tansah misah peksi saking manungsa. Tansah misah peksi ingkang enggal kaliyan ingkang lami sakwetawis kalih minggu
  • Tindak dhateng Puskesmas (pusat kesehatan) menawi panjenengan gerah flu utawi benter saksampunipun celak-celak kaliyan peksi. (Ingkang kapisan panjenengan saged nelpun Puskesmas utawi Rumah Sakit supados mangertos punapa ingkang kedah dipun tindakaken?)

11

  • Kagem panjenengan ingkang risikonipun inggil (tukang mbeleh/ingkang sadean/ingkang numbasi unggas, ingkang ngingah unggas, petugas laboratorium/pertugas medis ingkang pakaryanipun nangani pasien flu peksi, tiyang ingkang makarya wonten ing peternakan, lsp.), tansah ngagem rasukan protektif, kalebet masker, jas lab, sarung tangan, saha kaca tingal goggle nalika makarya.
  • Sasampunipun makarya, rasukan protektif punika dipun copot lajeng panjenengan mijiki asta ngagem sabun/disinfektan saha toya.
  • Mijiki asta panjenengan mawi sabun saha toya saben panjenengan njamah unggas.

12

Flu Babi

Virus influenza A H1N1 utawi flu babi dipun tularaken langsung kanthi kontak antar manungsa kaliyan pasien lumantar cekoh, sisi, lsp. Sakpunika, gejalanipun entheng, saha kathah pasien ingkang saged saestu mantun.

Punapa ingkang saged panjenengan tindakaken?

  • Asring mijiki asta wonten ing toya mili ngagem sabun saha nggaringaken ngagem tisu utawi andhuk ingkang resik.
  • Nindakaken unggah-ungguhcekoh saha sisi.
  • Menawi panjenengan ngaraosaken gejala influenza, panjenengan kedah ngagem masker, nebihi tiyang sanes, saha matur kaliyan dokter panjenengan. Wonten ing griya kemawon.
  • Nalika panjenengan tindak dhateng nagari sanes, ngatos-atos.

Referensi

Waterspout (Small Tornado)

Javanese

Punapa ingkang dipun sebat cleret taun?

Cleret taun punika angin muser lokal ingkang kasanteranipun dumugi 120 km/jam ingkang kadadosanipun sawetawis 1–5 menit. Angin punika nggadhahi kekiyatan ingkang cekap kangge ngangkat griya saha barang sanesipun ingkang kalangkungan, ngremukaken pamukiman. Wonten ing sawetawis panggenan ing Indonesia, cleret taun utawi tornado alit ugi dipun sebat Puting Beliung, Angin Puyuh, utawi Angin Lesus.

13

Tandha-tandhanipun cleret taun

Tandha-tandha ingkang khas menawi cleret taun punika sampun celak:

  • Mega peteng, ageng, saha inggil (kadhangkala muser).
  • Kilat sarta bledheg ketingal saking katebihan, saha asring dipun kantheni jawah deres utawi jawah es.
  • Mireng guruh ingkang santer.

Punapa ingkang saged panjenengan tindakaken?

Menawi kedadosan cleret taun, tansah nengga wonten nglebet griya kejawi menawi pamarentah lokal panjenengan paring saran supados ngungsi.

Menawi panjenengan wonten nglebet:

  • Tansah wonten nglebeting ruangan ingkang paling aman.
  • Tutup saha kunci sedaya kori tuwin jendhela. Kedah tansah tebih saking jendhela.
  • Pejahi listrik, piranti elektronik, saha gas.
  • Tansah nebihi barang ingkang saged nyaluraken listrik.
  • Tansah ngugemi instruksi pamarentah lokal panjenengan.

Menawi panjenengan wonten njawi:

  • Tindak mlebet sakcepet-cepetipun.
  • Menawi wonten kilat, sakcepet-cepetipun ndhodhok, ngekep dhadha kaliyan dhengkul panjenengan.

14

  • Sampun sarean wonten ing jobin.
  • Tansah nebihi panggenan ingkang semeblak (umpaminipun, lapangan lsp.).
  • Tansah nebihi barang-barang ingkang inggil (umpaminipun, wit-witan, cagak listrik, cagak telpun, baliho, lsp.).
  • Tansah nebihi selokan, lepen, rawa, utawi sendhang.

15

Menawi wonten nglebeting mobil:

  • Kedah ngendhegaken mobil. Pados panggenan ingkang aman tebih saking wit-witan, cagak listrik, cagak telpun, utawi barang sanesipun ingkang gampil ambruk.
  • Tansah wonten salebeting mobil saha nggesangaken lampu bebaya.
  • Sampun kendel utawi nyopir wonten mergi ingkang sampun keleban.

Saksampunipun cleret taun

  • Dipun pesthekaken menawi panjenengan tuwin kaluwarga panjenengan wilujeng.
  • Nyedhiyakaken PPPK, mbokmenawi dipun betahaken.
  • Nglapuraken prakawis listrik, gas, utawi prakawis sajinis dhateng pamarentah lokal.

Prakawiskasehatan jalaran cleret taun

  • Seda, biasanipun jalaran kedhawahan jugrugan utawi kesamber bledheg.
  • Korban cedera.

Referensi

Land-related Disasters

Javanese

Menawi panjenengan manggen celak kaliyan redi utawi gumuk

  • Padosi panggenan pangeyuban ingkang paling celak.
  • Priksa risiko siti longsor saben dintenipun.
  • Siti longsor kadadosan nalika jawah deres. Menawi curahing jawah langkung saking 100 mm utawi langkung saking 20 mm perjamipun, panjenengan kedah waspada tumrap kamungkinan siti longsor.
  • Mangertosi tandha-tandha wiwitan ingkang saged ngrumiyini siti longsor.

16

Wonten tigang jinis bencana ingkang gegandhengan kaliyan siti: tebing longsor, siti longsor, saha longsoran sela.

  • Tebing longsor mili kaliyan siti, sela, saha pasir saking perenging redi mandhap dumugi ing jurang jalaran jawah deres ing mangsa rendheng. Panjenengan kedah waspada tumrap gejala wiwitan, kadosta kirangipun ilining lepen jalaran wonten alangan ing redi sanajan nembe jawah.

17

  • Siti longsor kawiwitan kanthi alon. Lumahan ingkang selip, kadosta lempung, kabentuk sangandhapipun pereng ingkang mboten njuleg, nanging krempelan siti ingkang mboten stabil kabentuk jalaran jawah deres pathes -- sanget anggenipun nggerus siti.

18

* Gejala ing ngandhap punika kedah dipun penggalih:

1. Geseran saha sigaran wonten ing mergi tuwin perenging jurang.

2. Toya dumadakan nyemprot wonten ing panggenan ingkang sanes tuk.

3. Ewah-ewahan swanten guruh, wit-witan, saha miringipun panggenan.

4. Ewah-ewahan butheking toya sumur; inggiling toya wonten ing rawa utawi blumbang dumadakan ewah.

  • Longsoran sela kadadosan nalika lindhu utawi jawah deres ngresep wonten ing sitining jurang ingkang njuleg, ngendhon-ngendhoni kekiyataning siti.

* Toya ngetuk kabentuk wonten ing pereng. Krikil sami dhawah, saha sigaran kadadosan nalika perengan punika nonjol.

Punapa ingkang dipun sebat siti longsor?

Siti longsor inggih punika dhawahing sela, matrial siti, utawi campuran kekalihipun ingkang mandhap dumugi dhasaring jurang.

Tansah waspada tumrap siti longsor menawi:

  • Griya dipun bangun wonten pereng ingkang njuleg, wonten ing siti ingkang empuk, saha celak kaliyan pinggiran lepen.
  • Griya dipun bangun celak kaliyan lepen alit wonten ngandhaping redi.
  • Ewah-ewahan wilayah ingkang kathah redinipun dados wilayah pemukiman.
  • Kedhuk-kedhuk wonten ing celakperengingkang rawan siti longsor.
  • Jawah deres.

Tandha-tandhanipun siti longsor:

  • Sigaran ingkang panjang wonten ing pereng.
  • Swanten ingkang santer utawi goyanging siti.
  • Pereng ingkang nonjol.
  • Miringipun wit-witan, cagak, saha griya.
  • Dumadakantoyangrembeswonten ing pereng.

Punapa ingkang saged panjenengan tindakaken?

Sakderengipun siti longsor:

  • Waspada tumrap lapangan ijem ingkang kathah taneman sepuh (wit kajeng, bambu, lsp.).
  • Nerapaken sistem terasering wonten ing tebing.
  • Sampun negor wit-witan kanthi serampangan.
  • Nutup sigaransak nginggiling tebingmawimatrialtahan toya(lempung) kagemnyegah toya jawah supados mboten mlebet ing siti.

Menawi kadadosan siti longsor:

  • Tansah sareh.
  • Pados panggenan ingkang aman.
  • Tansah nebihi jaluring longsoran.

Menawi panjenengan kapepet wonten nglebeting gedhung:

  • Nengga wonten nglebet.
  • Ndhelik wonten ngandhaping meja utawi panggenan sarupi ingkang dipun ginakaken kagem nyelehaken barang awrat.

Menawi panjenengan wonten njawi:

  • Tansahnebihijalurlongsoraningkang mungkin.
  • Madosi panggenan inggil ingkang mboten ing jalur longsoran.

Saksampunipun siti longsor:

  • Kondur sasampunipun pamarentah lokal panjenengan mratelakaken sampun aman.
  • Menawi panjenengan kapepet, cobi narik kawigatosan tim SAR kanthi grobyagan.
  • Menawi nulungi korban ingkang kakubur, kedah ngatos-atos amargi kedhuk-kedhuk tumpukan punika saged njalari siti longsor malih.
  • Nutup panggenan bencana. (Supados para piyantun mboten nglempak.)

Menawi panjenengan kedah ngungsi, waspada tumrap

  • Penyakit ingkang nular, kadosta ISPA, diare, gabag.
  • Karacunan dhaharan.
  • Kirang gizi.
  • Gangguan stres saksampunipun trauma.

Nindakaken perilaku sehat

  • Tansah mbucal hajat wonten ing jamban.
  • Mijiki asta sakderengipun dhahar.
  • Ngunjuk toya mateng.

Prakawis kesehataningkang wonten gandheng cenengipun kaliyan longsoran

  • Seda, biasanipun jalaran kedhawahan jugrugan.
  • Cedera, biasanipun retak.
  • Pangungsen.

Referensi

Lightning

Javanese

Punapa ingkang kedah panjenengan tindakaken, nalika mireng bledheg?

  • Nindakaken posisi ingkang asor. Dadosa kawigatosan, supados ngupadi pangeyuban wonten ing nglebeting gedhung, griya, utawi mobil.
  • Tansah nebihi cerobong asep saha wit-witan ingkang inggil.
  • Menawi panjenengan wonten nglebeting gedhung, mobil, bis, sepur utawi cor-coran, listrik saha samberan bledheg saged medal dhateng ing siti kanthi aman langkung tembok njawi.
  • Sinaosa risiko kesetrum listrik punika langkung andhap ing nglebeting gedhung kayu, langkung sae malih menawi tansah nebihi tembok saha piranti listrik sawetawis setunggal meter.

19

Food poisoning

Javanese

Punapa ingkang njalari karacunan dhaharan?

  • Karacunan dhaharan menawi mboten jalaran bakteri inggih jalaran virus, ingkang kekalihipun mboten ketingal.
  • Bakteri saged njalari karacunan dhaharan nalika temperatur kaliyan kalembabanipun cocog.
  • Virus dados matikel-tikel sasampunipun mlebet wonten badan lumantar dhaharan, saha tuwuh ing saluran cerna, njalari karacunan dhaharan.
  • Karacunan dhaharan mboten namun kedadosan nalika dhahar wonten warung, nanging ugi ing griya. Gejala karacunan dhaharan punika asring entheng saha njalari salah diagnosis.
  • Karacunan dhaharan saged kadadosan sanajan wonten ing dhapur ingkang resik menawi kedadosan kontaminasi silang. Bakteri saha virus saged tuwuh ing panggenan kadosta kothak sayuran, lap asah-asah, sepon, bak asah-asahan, telenan, lsp..
  • Tansah enget menawi bakteri saha virus saged ugi wonten ing dhaharan ingkang panjenengan pundhut.
  • Panjenengan saged mindhahaken bakteri saha virus ingkang nemplek ing asta panjenengan dhateng dhaharan. Asring wijik supados nyegah kontaminasi.

20

Karacunan dhaharan dipun jalari dening virus utawi bakteri ingkang nemplek wonten ing dhaharan ingkang mlebet wonten badan. Kagem nyegah karacunan dhaharan, dadosa kawigatosan supados mboten nambah kathahing bakteri. Panjenengan kedah ngugemi aturan gampil punika.

Panjenengan kedah asring wijik, utaminipun

  • Sakderengipun masak.
  • Sakderengipun saha saksampunipun ngolah daging mentah, ulam, utawi tigan.
  • Nalika masak.
  • Saksampunipun ngginakaken jamban.
  • Saksampunipun njamah pasuryan panjenengan.
  • Saksampunipun nggantos popok bayi.
  • Saksampunipun njamah kewan.
  • Sakderengipun lenggah wonten ing meja dhahar.
  • Sakderengipun ngolah dhaharan ingkang tirah.

Simpen dhaharan kanthi temperatur ingkang andhap.

Temperatur nalika dhaharan punika dipun simpen mila prakawis ingkang wigatos.

  • Kathah-kathahipun bakteri tuwuh langkung rikat wonten ing panggenan ingkang anget saha lembab.
  • Tuwuhipun saged dipun kirangi ing temperatur 10 °C, saha dipun alangi ing temperatur −15 °C.
  • Simpen dhaharan wonten ing kulkas sakcepet-cepetipun.
  • Tansah enget, menawi kulkas namung ngalonaken tuwuhing bakteri, saha dhaharan kedah dipun dhahar sakcepet-cepetipun.
  • Masak (utawi ngenget) dhaharan panjenengan.
  • Masak (ngenget) dhaharan mejahi bakteri saha virus.
  • Daging saha ulam kedah dipun masak ngantos mateng.
  • Sayuran ugi saged dipun masak.
  • Dhaharan daging kedah dipun angeti saengga bagean tengahipun dumugi paling mboten 75 °C.‎‎

Panjenengan kedah njagi sanitasi panggenan makarya.

Bakteri saha virus saged kepanggih wonten ing meh sedaya lumahan (umpaminipun, asta, piranti masak, telenan, peso, lap asah-asah, lsp.).

  • Kedah asring nggirahi piranti masak, piranti nyawisaken dhaharan, saha panggenan masak panjenengan (umpaminipun, telenan, peso, meja masak, mangkok, lsp.), utaminipun saksampunipun njamah daging mentah utawi ulam.
  • Nyegah nyebaring bakteri saha virus kanthi mijiki asta panjenengan ngantos resik.
  • Mligi mbilasi asta panjenengan mawi toya punika mboten cekap.
  • Panjenengan kedah mijiki kuku saha driji panjenengan mawi sabun.
  • Kados pundi caranipun mijiki asta panjenengan kanthi leres.

21

Enem cara nyegah karacunan dhaharan.

Kagem nyegah keracunan dhaharan wonten ing griya, panjenengan kedah ngugemi cara gampil punika: "blanja", "nyimpen wonten griya", "nyawisaken bahan", "masak", "dhahar", saha "dhaharan ingkang tirah".

Blanja

  • Panjenengan kedah mriksa tanggal kadaluwarsa.
  • Nglebetaken dhaharan beku saha seger (umpaminipun, daging tuwin ulam) wonten kranjang panjenengan kantun piyambak.
  • Ngginakaken tas plastik kagem misah bahan dhaharan kangge nyegah kontaminasi silang.

Panggenan panyimpenan ing griya

  • Simpen bahan beku wonten saklebeting kulkas utawi freezer sakcepet-cepetipun.
  • Simpen ulam, daging, saha kaldu ing wadhahipun piyambak-piyambak. SAMPUN nyimpen bahan sesarengan dhaharan sanesipun.
  • Tansah mijiki asta panjenengan sakderengipun saha saksampunipun ngolah daging, ulam, utawi tigan.
  • Pasang temperatur kulkas panjenengan kirang saking 10 °C saha freezer panjenengan kirang saking −15 °C.
  • Sampun ngebaki kulkas utawi freezer amargi saged ngalangi ilining hawa.

Nyawisaken dhaharan

  • Mijiki asta panjenengan ngantos resik mawi sabun sakderengipun nyawisaken dhaharan.
  • Nggirah woh-wohan saha sayuran wonten ing toya mili.
  • Cairan saking daging mentah saha ulam sampun ngantos ngregeti dhaharan sanesipun, utaminipun bahan ingkang mboten badhe dipun masak (umpaminipun, salad utawi woh-wohan).
  • Tansah mijiki asta panjenengan saksampunipun njamah daging mentah, ulam, utawi tigan.
  • Nggirah telenan saha peso wonten ing toya benter mawi sabun saksampunipun ngiris-iris daging mentah utawi ulam.
  • Ngginakaken telenan saha peso ingkang benten kagem daging kaliyan ulam (umpaminipun, setunggal kagem sayuran, setunggal kagem daging).
  • Nggirah sayuran ingkang sampun dipun potong ngantos resik.
  • Nglelehaken bahan dhaharan beku ing kulkas utawi microwave. Sampun nglelehaken daging wonten ing meja masak.
  • Lelehaken dhaharan beku mligi ingkang badhe panjenengan ginakaken kemawon. Sampun wongsal-wangsul nglelehaken lajeng mbekokaken malih.
  • Nggirah lap asah-asahan wontening toya benter (utawi umob) supados resik.
  • Nyeterilaken piranti masak panjenengan kanthi nggirah saha mbilas mawi toya umob.
  • Ngginakaken setunggal set piranti kagem ngolah daging mentah saha setunggal set ingkang resik kagem nyawisaken dhaharan mateng.

Masak

  • Tansah mijiki asta panjenengan sakderengipun masak.
  • Masak daging saha ulam kanthi mateng. Temperatur bagean tengah kedah dipun angetaken ngantos paling mboten 75 °C.

Dhahar

  • Tansah mijiki asta panjenengan sakderengipun dhahar.
  • Ngginakaken piring ingkang resik.
  • Dhaharan langsung dipun dhahar saksampunipun dipun masak. Dhaharan sampun ngantos dipun ler wonten ing temperatur ruangan.
  • Nalika hawa wonten njawi asrep, sajekaken dhaharan anget mekaten ugi sakwalikipun.

22

Dhaharan ingkang tirah

  • Wijik asta panjenengan sakderengipun ngolah dhaharan ingkang tirah.
  • Simpen tirahan dhaharan wonten ing wadhah ingkang resik.
  • Ginakaken wadhah ingkang benten kagem saben dhaharan supados mboten kedadosan kontaminasi silang.
  • Dhahar utawi bucal dhaharan tirahan salebetipun tigang dinten.
  • Menawi dhaharan punika ketingal nyalawadi sekedhik kemawon, enggal dipun bucal.
  • Dhaharan ingkang tirah punika kedah dipun nget ngantos mateng sakderengipun dipun dhahar.

Menawi panjenengan ngraos menawi panjenengan nembe nandhang keracunan dhaharan.

Gejala diare saha mutah-mutah sayektinipun tanggapan protektif saking badan nalika nyobi nolak agen ingkang nyebabaken karacunan. Sampun dipun obati piyambak, saha nyuwun priksa dokter sakcepet-cepetipun.

image-appDownload CARED

Multi platform - Android, Blackberry, iOS.

Pengunjung

Hari ini3
Total76043

Visitor IP : 54.224.49.217 Sabtu, 23 September 2017 11:07
Powered by CoalaWeb